Sabtu, 23 Februari 2013

cerkak bhs.jawa


Abu Nawas Njebak Maling

Ing jaman ndhisik akeh wong anggone mikir samubarang, luwih-luwih jroning mecahke perkara isih kanthi cara kang prasaja banget. Satemah cara mikir kang kaya mangkene iki malah kerep dimanfaatkake dening bangsane durjana kang kerep nindhakake pakarya maling, begal, kecu, rampok lan sapanunggale. Hakiming pengadilan satemene uga wis mbudidaya sakatog’e piye amrih bisa nemokake sapa satemene maling ing Negara Bagdhad iki kanthi gampang.
Sawijining saudagar sing mentas kemalingan dhewe nganti gawe wara-wara marang sapa wae sing kasil nemokake dhuwite cacahe 100 benggol dhuwit emas sing dicolong maling kasebut mula oleh ngepek separo gunggunge. Nanging kekarepan becik saudagar sugih kaya ngene iki ora nuwuhake asil. Wis akeh wong kang myoba melu sayembara kuwi nanging kabeh kadheg tekan tengah dalan. Satemah malah ndadekake malinge rumangsa ayem-ayem wae merga jati dhirine ora tau kaweruhan.
Nalika ing sawijining pasidhangan, hakim Abdul usul marang hakim Zumar ,“Geneo tuan hakim ora njaluk bantuan Abu Nawas wae?”
Hakim Zumar njawab ,“O…, iya Abu Nawas kan akeh akal. Nanging Abu Nawas rak lagi lunga.”
Hakim Abdul takon, “Lha menyang ngendhi Abu Nawas?”
Hakim Zumar njawab, “Abu Nawas ana ing Damaskus.”
Hakim Abdul takon maneh merga pengin ngerti, “Ana perlu apa Abu Nawas menyang Damaskus?”
Hakim Zumar njawab, “Abu Nawas nekani undhangane pangeran Negara Damaskus.”
Amarga Abu Nawas ora ana, pasidhangan iki ora di lanjutake.
            Seminggu sawise Abu Nawas bali menyang Bagdhad merga tugase ing Damaskus wes rampung. Abu Nawas krungu yen ing Bagdhad iki ana sayembara kang isine yen ana sing nemokake dhuwite emas nggone saudagar bakal oleh ngepek separo gunggunge. Uga Abu Nawas melu sayembara kasebut lan Abu Nawas cepet-cepet nggawe siasat dingo njebak maling sing nyolong dhuwit emas nggone saudagar.

Esuk’e kabeh pendhudhuk pada di kumpulke ing ngarep gedhung pengadilan. Abu Nawas, hakim Abdul lan hakim Zumar mesthi wae uga teka, malah dheweke nggowo kayu kang akeh banget cacahe. Kayu-kayu dawane padha kabeh. Tanpa gunem akeh Abu Nawas banjur ngedum kayu mau siji mbaka siji diewangi hakim Abdul lan hakim Zumar marang pendhudhuk kang padha teka.
            Sawise wong-wong sakampung kuwi nampa kayu, Abu Nawas pidhato : “Dulur-dulur, kayu-kayu sing mbok gawa iku wis tak japa mantra. Sesuk esuk kowe kabeh kudu balekake kayu-kayu iku marang aku. Aja kuwatir, mung kayu sing dicekel maling waekang bakal modhot sakdriji panuding dawane. Wis saiki padha mulih.”
            Wong sing rumangsa ora tau tumindhak nyolong mesthi wae ora kuatir apa-apa. Nanging sing rumangsa nyolong dhuwit emas nggone saudagar mau mesthi rumangsa wedi.
            Si maling bengine ora isoh turu amarga mikirkepriye yen kayune modhot, nanging dheweke banjur nduwe akal supoyo ora konangan. Kayu sing digowo mau banjur dikethok sak driji dawane, dheweke banjur ngguya-ngguyu banjur turu.
            Wayah wis esuk, pendhudhuk padha ngumpul ing ngarep pengadilan padha nggowo kayu sing diedum, lan si maling nggowo kayu lan mblusuk ing tengah-tengah pendhudhuk. Abu Nawas banjur mubeng ndelok kayu sing digowo saben wong kanthi teliti. Ing tengah-tengah pendhudhuk Abu Nawas mbengok , “Iki malinge wis ketemu!”. Si maling kaget banjur di seret hakim Abdul lan hakim Zumar ing kerangkeng ngisor lemah.
            Abu Nawas banjur nerangake menawa ndhek wingi nalika nerangake menawa kayune modhot bae mung akal-akalan. Mula nalika dawane kayune ora padha karo kancane lan ora padha karo dawane kayu asale, berarti kuwi malinge.
            Sapisan maneh, Abu Nawas kasil ngrampungi perkara, lan banjur nampa separo gunggunge, nanging apa sing ditampa Abu Nawas iku banjur dibagi-bagi marang wong-wong miskin ing daerah kono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar